No Image Available

Pinter Basa Krama-Alus: Unggah-Ungguh Basa Jawa kanggo Para Siswa lan Masyarakat Umum

 Pengarang: Dwijawiyata  Penerbitan: KEP  Terbit: 2022  Halaman: 64  Bahasa: Indonesia
 Sinopsis:
Buku Pinter Basa Jawa Krama-Alus iki katulis déning pangripta kanggo sinau guneman nganggo basa Jawa krama-alus utawa basa mudha-krama, yaiku basa Jawa krama sing lumrah kanggo guneman ing pasrawungan sadina-dina ana ing kulawarga lan ing masyarakat umum. Miturut pangripta, sejatiné, guneman nganggo basa Jawa krama-alus iku ora angèl, waton kita gelem nggatèkaké tatanané, kaya sing katulis ing buku iki. Muga-muga buku iki migunani tumrap para siswa SD, SMP, SMA, SMK, lan para sedulur sing padha marsudi lan nguri-uri basa Jawa, sing klebu kebudayaan adi-luhung, tinggalané para leluhur kita, sing kudu kita lestarèkaké. Wasana, manawa ana sadulur sing karsa paring panyaruwé lan pamrayoga amrih sampurnané buku iki, pangripta bakal nampa kanthi bungahing ati lan penuh ing atur panuwun.

 Kembali