No Image Available

Aku Seneng Basa Jawa – kanggo SD/MI Kelas V

 Pengarang: Maria Magdalena Budi Setyowati, dkk.  Penerbitan: Pendidikan  Terbit: 2026  Halaman: 158  Bahasa: Indonesia More Details
 Sinopsis:

Buku Aku Seneng Basa Jawa kanggo siswa SD iki ana kanggo ndhukung pelestarian lan pangrembakan basa Jawa, lumantar pasinaon sing sistematis, kontèkstual, lan cocog karo kabutuhan siswa. Buku iki disusun adhedhasar Capaian Pembelajaran Basa Daerah ing Kurikulum Merdeka tingkat SD, SMP, SMA, SMK, lan SLB (Basa Jawa, Madura) saka Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur, saéngga bisa digunakaké kanthi jembar ing wilayah Jawa Timur.
Lumantar pendekatan pembelajaran mendalam, materi ing buku iki disajèkaké selaras karo karakteristik sosial lan budaya masyarakat Jawa Timur, supaya luwih rèlevan lan gampang dipahami déning siswa. Saben bab uga diwènèhi penguatan pendidikan karakter, reflèksi, lan aksi, sing nduwèni tujon mbantu siswa mangertèni pengalaman lan pangrasa dhiri kanthi luwih jero.
Aspèk kabahasaan sing dikembangaké ing buku iki kalebu papat katrampilan utama, yaiku nyemak, micara, maca, lan nulis, sing didhukung déning penguatan unsur kabahasaan liyané kanthi terpadu. Kanthi papat katrampilan kasebut, siswa diarep-arep bisa mbangun kabiasaan migunakaké basa Jawa kanthi alami lan berkelanjutan.

 Kembali
Scroll to Top