No Image Available

Tata Cara Kendhuri Katulik

 Pengarang: M. Budi Sardjono  Penerbitan: Gerejawi  Halaman: 152  Bahasa: Indonesia More Details
 Sinopsis:

Tradhisi kendhuri wus dadi budaya ana ing satengahé masarakat. Amung aran lan tata carané ora padha ana ing saben tlatah. Nanging kabèh mau ngemu ujub kang padha: atur panuwun ing Ngarsa Dalem Gusti, umbul donga, atur rasa sukur, lan andum berkat. Kendhuri uga asring diarani slametan awit ujubé pancèn nyuwun kawilujengan ing Ngarsa Dalem Gusti Kang Akarya Jagad.

          Tata cara kendhuri béda karo tata cara ibadah. Rerangkèné acara luwih prasaja. Tata cara kang ana ing buku iki karoncé kanthi prasaja. Kaajab umat kang ngrasuk agama lan kapitayan liya ora rikuh pakéwuh menawa diundang kendhuri umat Katulik.

          Muga kanthi ngadani kendhuri, umat Katulik mèlu nguri-uri kabudayan Jawi, nglestarèkaké tradhisi leluhur kang adi luhung. Berkah Dalem.

 Kembali
Scroll to Top