
Tresna Basa, Sastra, lan Budaya Jawa SD Kelas II
Pengarang: Margaritha Vivin Wulandari, dkk. Penerbitan: Umum Terbit: 2025 Halaman: 184 Bahasa: Jawa More DetailsBuku Tresna Basa, Sastra, lan Budaya Jawa kanggo murid SD iki ngemot patang aspèk pembelajaran basa Jawa yaiku: nyemak, maca lan “memirsa,” micara, lan presèntasi, sarta nulis. Buku iki ngemot manéka kagiyatan pembelajaran cocog karo Capaian Pembelajaran lan Tujuan Pembelajaran Kurikulum Merdéka. Kagiyatan jroning buku iki kaajab bisa mawujudaké karakter para murid cocog karo “Profil Pelajar Pancasila” sarta ngrembakakaké nilai-nilai kabecikan. Jroning proses pembelajaran, para murid dadi punjeré kagiyatan, satemah para murid luwih ngerti materi pembelajaran kang disinau.
Buku Tresna Basa, Sastra, lan Budaya Jawa iki ngetrepaké tèknologi kang nyengkuyung pembelajaran. Scan barcode ing buku iki bisa mbiyantu para murid sinau kanthi ngrungokaké lan nonton vidéo pembelajaran. Mulané, buku iki cocog banget digunakaké déning para guru lan para murid ing pembelajaran basa Jawa. Migunakaké buku iki ateges mèlu nglestarèkaké basa, sastra, lan budaya Jawa. Ayo migunakaké buku iki kanthi seneng!
Kembali